5th Gubeng Jaya Street Number 2 Postcode 60281 Phone (031) 5023214 Surabaya City Indonesia

Soal latihan Ujian Satuan Pendidikan Bahasa Jawa Kelas 6

 


                                                     

"KEBUN BINATANG SURABAYA"

            Kebun Binatang Surabaya yaiku papan wisata lan papan pangreksaning kewan sing mapan ing kutha Surabaya, Jawa Timur. Kebun binatang iki kalebu salah siji kebun binatang paling tuwa ing Indonesia amarga wis diadegaké wiwit taun 1916. Ing Kebun Binatang Surabaya ana macem-macem jinise kewan, kayata gajah, singa, macan, jerapah, buaya, manuk, lan isih akeh manèh. Kewan-kewan kuwi dirumat lan diopeni kareben tetep sehat lan lestari. Saliyane dadi papan rekreasi, Kebun Binatang Surabaya uga nduwèni fungsi minangka papan pendhidhikan. Para pengunjung bisa sinau ngenani jinis-jinise kewan, panggonan uripé kewan, lan cara njaga kelestarian alam.

Informasi sing ora trep miturut isine wacan Kebun Binatang Surabaya yaiku …

A.    Kebun Binatang Surabaya papan wisata ana ing kutha Surabaya

B.  Kebun Binatang Surabaya diadegake sakwise taun 1916

   C. Akeh jinis-jinise kewan sing ana ing kebun binatang

   D. Kebun Binatang Surabaya nduweni fungsi minangka papan  pendhidhikan

 

2.      Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki kanthi teliti, banjur wangsulana pitakonan sing kasedhiya!

                                                            "Pasar Beringharjo"
            Pasar Beringharjo iku pasar tradisional sing dumunung ing pusat Kota Yogyakarta. Pasar iki wis misuwur wiwit jaman kolonial Belanda, lan dadi papan kanggo adol macem-macem barang, kaya panganan, sandhangan, lan barang-barang kerajinan. Pasar iki kerep banget rame, utamané ing dina-dina pasar utawa nalika musim liburan. Salah siji barang sing misuwur ing pasar iki yaiku batik Yogyakarta sing duwé desain khas.

Tegese tembung "dumunung" sing ana ing wacan yaiku ….

A.    cara nggolek panggonan

B.     papan panggonan

C.     jenenge kutho

D.    jenenge wis kondhang

 

3.      "Pak guru ora isin sinau teknologi marang muride ."
Tumindake
Pak Guru  iku, trep karo paribasan ….
A.
kebo nusu gudel
B. sapa nandur bakal ngundhuh
C.
becik ketitik ala ketoro
D. nabok nyilih tangan

 

4.      Batangane burnas kopen iku bubur panas kokopen. Lha yen  lunglit batangane ….
A.
balunge bocah alit
B.
balung karo kulit
C.
balunge ceblok teko langit
D.
balunge uwes komplit


5.      Wacanen geguritan ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakonan sing kasedhiya!

           "Ibu"
Ibu nyambut gawe tanpa kesel,
Ngopeni anak kanthi tulusing ati,
Nuntun lan ndonga saben dina,
S
upaya uripe anak dadi mulya.

Geguritan ing duwur, nyeritakake babagan ….
A.
Ibu kerep nesu marang anake.
B.
Ibu nyambut gawe lan ngopeni anak kanthi kebak tresna lan pangarep-arep
C. Anak kudu nyambut gawe kanggo ibu
D.
Ibu ora nduwe wektu kanggo anake

 

6.      Wacanen cangkriman ing ngisor iki kanthi tenanan!

Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo.
Coba tebak jenenge
apa… .

Tegese cangkriman ing nduwur yaiku….
A.
jaran
B.
wedus
C.
gudel
D. singa

 

7.      Wacanen tembang macapat ngisor iki!

Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

Tembang kasebut ing dhuwur miturut titikane kalebu tembang macapat ….
A. Gambuh
B.
Kinanthi
C. Asmaradana
D. Pucung

 

8.      Wacanen teks ing ngisor iki kanthi tenanan!

Taman Bungkul


             
Taman Bungkul dumunung ing tengah kutha Surabaya lan dadi salah siji papan rekreasi sing disenengi masyarakat. Taman iki nduwèni pemandangan sing éndah amarga ana akeh wit-witan gedhé lan kembang warna-warni. Ing taman iki uga ana papan dolanan bocah, panggonan olahraga, lan papan lungguh kanggo ngaso. Saben sore, taman iki kerep rame pengunjung sing pengin olahraga, dolanan, utawa mung lungguh santai bebarengan karo kulawarga lan kanca-kanca..

Teks ing dhuwur miturut titikane kalebu teks ….
A. teks deskripsi
B. teks narasi
C. teks eksposisi
D. teks argumentasi

 

9.      Cangkriman           :Mboke di elus-elus, ...........

    Bathangane           : Andha/tangga

    Jangkepe cangkriman kasebut yaiku … .

A.    Pakdhene dielus-elus

B.     bapake dielus-elus

C.     simbahe diseneni

D.    anake di idhak-idhak

 

10.  Maca buku ing kantor.

        Ukara ing dhuwur yen ditulis aksara jawa yaiku … .

         A.

         B

         C.


        D.

 

 

 

11.  Coba gatekna tembung sesanti ing ngisor iki!

  1. Sepi ing pamrih, rame ing gawe
  2. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
  3. Tulung menthung
  4. Mikul dhuwur mendhem jero

Warga ing padesan kanggo buka usahane biasane gae modhal nyilih dwet ana ing bank, sing bungane gedhe. Ijab kobule bantu nanging malah tembe mburine ngrekasakake warga. Sesanti sing trep karo ukara iki yaiku… .

A.    1

B.     2

C.     3

D.    4

 

12.  Gatekna tembang macapat dhandhanggula ing ngisor iki !

Ngudi kawruh becik tumrap urip
Supaya dadi wong kang utama
Tansah eling lan waspada
Ngajeni marang wong tuwa
Lan tresna marang sapadha
Nglakoni urip kanthi sabar
Aja nganti tumindak ala
Supaya urip tansah mulya
Lan oleh tentreming ati
Urip rukun agawe santosa

     Tembung dhandanggula ing dhuwur guru wilangan  lan guru lagune  ana ing gatra siji lan

      lima yaiku 

A.    10i lan 8a

B.     10a lan 6u

C.     10e lan 9i

D.    10u lan 7a

 

13.  Pak Tirta kerjo mangkat isuk nganti bengi gawe nyukupi kebutuhan kaluwargane. Bojone     Pak Tirta uga mbiyantu golek dhuwet gawe nyukupi kebutuhan sekolah anak-anake. Amarga anake akeh, Pak Tirta lan bojone kudu nyambut gawe rekasa. Ukara saloka sing trep karo teks wacan ing dhuwur yaiku ... .

A. kebo kabotan sungu                                                                            

B. jamur tuwuh ing sela

C. kebo nusu gudel

D. kuntul diunekake dhandhang

 

14.

Cangkriman sing batangane kaya gambar ing ngisor iki yaiku ….



A. kayu mati ginubet ula dawa

B. tibane ngisor, digoleki ndhuwur

C. dikethok malah mundhak dhuwur

D. ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong

 

15.

Wacanen teks pidato ing ngisor iki !

Kanca-kanca sing daktresnani

Pendidikan iku nduwe guna  sing wigati banget kanggo pribadi lan bangsane dewe.  Tanpa pendidikan, manungsa  ora nduwe  teges lan angel nggayuh gegayuhane. 

Pendidikan ora mung babagan ngelmu umum, nanging uga ngelmu agama lan akhlak budi pekerti supaya dadi generasi sing nduwe  tata krama. 

Mula, ayo kita kabeh   utamane  para siswa, nggunakake  wektu kanthi apik kanggo sinau. 

Uga aja lali  tansah bekti marang bapak ibu guru lan wong tuwa, awit saka  donga lan perjuangane, kita bisa sinau kanthi apik.

Wusana ayo kita padha ningkatake semangat sinau kanggo  nggayuh masa depan sing luwih apik.

Tema saka teks pidato ing dhuwur yaiku ….

A. lingkungan

B. kesehatan

C. pendididkan

D. pariwisata

 

16.

Wacanen teks ing ngisor iki !

Saben dina kita ngadhepi tantangan urip, nanging salah sijine sing paling penting yaiku njaga karesikane lingkungan. Yen lingkungan resik, urip kita dadi luwih sehat lan ayem. 

Aja nganti kita mbuwak sampah sembarangan, amarga bisa nyebabake banjir lan penyakit. Mula, ayo padha sadhar lan tumindak. 

Buwak sampah ing panggonane, resiki pekarangan omah, lan wani ngelingake kanca utawa tangga sing durung sadhar. Karesikan iku tanggung jawab kita bebarengan. 

Mung kanthi gotong royong, lingkungan kita bisa resik, sehat, lan lestari . Monggo, wiwit saiki, kita nyregepake  maneh gotong royong resik-resik!

Teks ing dhuwur klebu jenise teks ….

A. argumentasi

B. dheskripsi

C. pawarta

D. persuasi

 

17.

Bapak pucung, dudu watu dudu gunung

Sangkane ing sabrang

Ngon-ingone sang bupati

Yen lumaku si pucung lambehan grana

Gambar sing minangka wangsulan saka  cangkriman wujud  tembang pucung ing dhuwur  yaiku ….

 


A.       

 

 


B.       

 

 


C.       

 

D .                            


18.

Saiki  jamane Hp. Akeh bocah cilik sing padha pinter nganggo HP. 

Malah  akeh wong tuwa sing njaluk wuruk anake cara  nggunakake  sawijine aplikasi,  cara mesen barang online, mesen gojek, lan liya-liyane. 

Saloka sing trep kanggo nggambarake crita ing dhuwur yaiku ….

A. anak polah bapa kepradah

B. kebo nyusu gudel

C. Pitik walik saba kebon

D. ula marani gepuk

 

19.

Bagong     :  Reng...kowe lali  ya , ora nggawa sega sakepel dirubung tinggi?”
                    Trus piye iki?  Sida batal olehe arep praktik gawe manisan.

Gareng     :  Lha.. Ngapa ta, Gong, segane  dirubung tinggi?

Bagong     :  Ha  ha  ha, iku ngono cangkriman, Reng.

Gareng     :  Oala,  ya ngerti nek ngono. Sega sakepel dirubung tinggi iku tegese
                    …..ya, ta?

Bagong     :  Iya,  pinter

Batangane cangkriman sing katulis  kandel  ana  pacelathon  ing dhuwur, sing bisa kanggo njangkepi  wangsulane Gareng  yaiku ….

 

A. nanas

B. salak

C. kates

D. sulak

 

20.

Urutna struktur pidato ing ngisor iki kanthi bener!

  1. Atur panuwun
  2. Salam pambuka
  3. Isi pidato
  4. Salam panutup
  5. Pangarep-arep

Struktur utawa urut-urutane kang bener kanggo pidhato yaiku … .

A.    2 - 1 - 3 - 5 - 4

B.     1 - 2 - 3 - 5 - 4

C.     2 - 1 - 3 - 4 - 5

D.    1 - 2 - 3 - 4 – 5

 

21.

Ing desa Sukamaju ana bocah jenenge Seno. Seno kuwi bocah sing sregep lan pinter, nanging ora seneng pamer. 

Nalika lomba kebersihan kelas, dheweke tansah kerja tenanan bareng kancane.

Kosok baline, ana Dani sing kerep ngaku yen kabeh asil kerja kelas amarga dheweke. Dani seneng dipuji lan ora gelem ngakoni peran kancane. 

Kancane banjur kandha yen tumindake Dani kuwi kaya wong kacang lali kulite.

Bebasan “kacang lali kulite” tegese …

A.    Wong sing gampang lali janji

B.     Wong sing lali asal-usule utawa ora eling marang sing wis nulungi

C.     Wong sing seneng mangan kacang

D.    Wong sing sregep sinau

 

22.

Bapak pucung anane ing tanah kudus

Pinter nyimpen toya

Mangka tumpakani jalmi

Mbrenjul suku panjang gulu dawa

Gambar kang cocog kanggo nggambarake batangan tembang ing nduwur yaiku ....

A.   


B.    


C.    


D.   


 

23.

Pantai Parangtritis kalebu papan wisata sing misuwur ing Yogyakarta. Pantaine amba lan nduweni pasir ireng sing alus. 

Swara ombake gedhe lan angine semilir nggawa rasa seger. Saben sore, akeh wisatawan teka kanggo nikmati pemandangan srengenge surup sing endah banget. 

Ing sakupenge pantai uga ana pedagang jajanan lan andhong kanggo wisata.

Ide pokok teks ing dhuwur yaiku ....

A.    Akeh pedagang jajanan ing Pantai Parangtritis

B.     Pantai Parangtritis minangka papan wisata sing misuwur lan nduweni kaendahan

C.     Ombake Pantai Parangtritis gedhe banget

D.    Akeh wisatawan teka saben sore

 

24.

Ing ngisor iki salah sajining  tuladha tembang gambuh.

Sekar Gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kalantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadharsat amardi ilmu,

Kanthi sregep mrih widodo.

Guru wilangan lan guru lagu tembang macapat  ing ndukur yaiku                                                                                                                                                                                                                                                                                                       

A.    7u, 10i, 12u, 8u, 8o

B.     8u, 10u, 12i, 7u, 8o

C.     7u, 12u, 10i, 8u, 8o

D.    7u, 10u, 12i, 8u, 8o

 

25.

Nalika kerja bakti ing kampung, Beni ora gelem melu amarga rumangsa dudu tugase. Nanging warga liyane tetep rukun lan padha kerja bareng nganti rampung. Pungkasane, lingkungan dadi resik lan ayem amarga kabeh padha gotong royong tanpa mikir kapentingan pribadi.

Paribasan sing trep karo isi crita ing ndhuwur yaiku …

A.    Sapa salah seleh

B.     Jer basuki mawa bea

C.   Becik ketitik ala ketara
D.
  Sepi ing pamrih rame ing gawe

 

26.

Dina Jumat sore ana kedadeyan tanah longsor ing Kecamatan Wonosari amarga udan deres sing suwé ora mandheg. Longsoran nutup dalan utama lan ngrusak sawatara omah warga ing sacedhake tebing. Warga padha gotong royong nyingkirake lemah lan watu, dene petugas BPBD lan relawan teka nggawa alat abot lan bantuan logistik. Ora ana korban jiwa, nanging warga diajak tetep waspada lan ora manggon cedhak tebing nalika mangsa udan.

Miturut teks pawarta ing ndhuwur, sebab kedadeyan banjir yaiku … (2 jawaban)

A. Tanah longsor
B. Banjir bandhang
C. Udan deres suwe
D. Gunung njeblug

 

27.

Nalika dina Minggu, Siti lan kulawargane lunga menyang pasar tradhisional. Ing pasar kuwi akeh pedagang sing sade barang-barang (1) lan (2). Siti tuku sayuran kang isih (3) amarga regane (4). Kegiatan iki nuduhake sikap (5) marang budaya lokal.

 

Tembung-tembung sing trep kanggo nglengkapi bagian rumpang (3) lan (4) yaiku (2 jawaban)  

  1. Tradisional
  2. Seger
  3. Murah
  4. Tresna

 

28.

Woco geguritan ing ngisor iki

“Sekolahku”

Esuk-esuk aku mangkat sekolah,
Nggawa pangarep lan gegayuhan.
Guru maringi piwulang kanthi sabar,
Supaya aku dadi wong migunani ing tembe mburi.

Makna kang trep saka geguritan kasebut yaiku …(2 jawaban)

a.       pangarep-arep kanggo masa depan

b.      kepinginan dadi wong migunani

c.       rasa males sekolah

d.      kepingin dadi wong seng nyusahno

 

29.

Woco Aksara Jawai ing ngisor iki

 


Tembung-tembung kang ana ing aksara Jawa kasebut yaiku … (2 jawaban)

a.       Budi

b.      Lapangan

c.       menika

d.      Dolanan

 

 

30.

Woco ukara ing ngisor iki

Aku lunga menyang pasar karo bapak.
Aku tuku woh-wohan kanggo ibu.

Ukara basa krama sing trep saka stimulus kasebut yaiku …

a.       Kula tindak dhateng peken kaliyan bapak.

b.      Kula tumbas woh-wohan kangge ibu.

c.       Aku lunga menyang pasar karo bapak.

d.      Kula tuku woh-wohan kanggo ibu.

 

31.

Woconen Teks Cerita rakyat ing ngisor iki

 

Roro Jonggrang

 

Ing jaman biyen ana putri ayu jenenge Roro Jonggrang, putrine Prabu Boko. Sawisé Prabu Boko kalah lan gugur ing perang, Roro Jonggrang kudu ngadhepi Bandara Bondowoso sing kepengin njupuk dheweke dadi garwane.

Roro Jonggrang sejatiné ora gelem, nanging dheweke ora wani nolak kanthi terang-terangan. Kanthi akal lan kecerdasané, Roro Jonggrang menehi syarat marang Bandara Bondowoso supaya nggawe sewu candi sajrone sak wengi.

Nalika Bandara Bondowoso meh rampung ngrampungaké candhi, Roro Jonggrang bebarengan karo para wanita desa ngapusi swasana wengi kaya wis esuk kanthi ngobong dami lan nutuk pari. Akibate, Bandara Bondowoso gagal ngrampungaké tugasé lan nesu banget marang Roro Jonggrang.

adhedhasar teks Roro Jonggrang. Wenehi tondo centang ing kolom seng wes disediakno

Pernyataan

Benar

Salah

Roro Jonggrang nduweni watak pinter lan licik nalika menehi syarat marang Bandara Bondowoso.

 

Roro Jonggrang wani nolak Bandara Bondowoso kanthi terus terang tanpa akal-akalan.

 

Roro Jonggrang nuduhaké sipat cerdik nalika ngupaya supaya Bandara Bondowoso gagal.

 

Roro Jonggrang iku tokoh sing jujur lan ora nate ngapusi sapa wae.

 

 

 

32.

 

Woconen teks Saloka ing ngisor iki

"Ana sawang-sinawang ing alas. Lembu loro padha ngombe ing kali. Pisanan ana sing gedhe lan luwar biasa, sijine cilik lan alus. Lembu gedhe gumuyu marang lembu cilik, ngandika, 'Kowe isih enom, ora ngerti urip.' Lembu cilik mangsuli kanthi tenang, 'Aku bisa sinau saka sapa wae. Gedhe ora mesthi pinter marang urip.' Lumantar patrap sabar lan guyub, lembu cilik bisa nylametake awake nalika ana bencana ing alas. Lembu gedhe banjur ngerti yen ora kabeh perkara gumantung saka ukuran, nanging uga saka ati lan tumindak."

 

 

adhedhasar teks Seloka ing nduwur. Wenehi tondo centang ing kolom seng wes disediakno

Pernyataan

Benar

Salah

Ing teks saloka iki, ana loro lembu sing digambarake beda ukuran.

 

 

Lembu gedhe langsung nulungi lembu cilik nalika ana bencana ing alas tanpa ragu

 

 

Pesan moral teks iki yaiku ukuran fisik luwih penting tinimbang tumindak lan ati

 

 

Lembu cilik sinau lan nylametake awake amarga sabar lan guyub

 

 

 

 

33.

 

 

Tandhanana Bener (B) utawa Salah (S) miturut pangerten kata konotatif lan denotatif!

 

Pernyataan

Benar / Salah

Ukara “Pak Budi kuwi tangan tengené Pak Lurah” kalebu nggunakake tembung konotatif.

 

 

Tembung “meja” nduweni teges denotatif yaiku piranti kanggo nyeleh barang.

 

 

Ukara “Ati-atiné watu” kalebu teges denotatif amarga nerangake wujud ati sing atos.

 

 

Tembung “kembang desa” kalebu tembung konotatif amarga nduweni teges dudu kembang sing saktenané.

 

 

 

34.

 

    Wacanen teks pawarta ing ngisor!

Dina Jumat kepungkur, siswa kelas VI SDN Harapan Bangsa nganakake lomba maca puisi basa Jawa ing aula sekolah. Kegiatan iki dianakake kanggo nguri-uri kabudayan Jawa lan nambah kapercayan diri siswa. Akeh siswa sing melu lomba kanthi semangat. Acara kasebut ditonton dening guru lan wong tuwa siswa.

Tentokno Benar (B) utawa Salah (S) kanggo saben pernyataa!

Pernyataan

B / S

Ide pokok paragraf kasebut yaiku lomba maca puisi basa Jawa ing sekolah.

Kegiatan kasebut kanggo nambah kaprigelan olahraga siswa.

Lomba kasebut kanggo nguri-uri kabudayan Jawa.

Acara kasebut ora ditonton dening wong tuwa siswa.

 

 

 

 

35.

  

 

    Wacanen teks ing ngisor!

“Budi maca buku.”

Tentukno Benar (B) utawa Salah (S) kanggo saben pernyataan!

Pernyataan

B / S

ꦧꦸꦢꦶ ꦩꦕ ꦧꦸꦏꦸ

Tembung "maca" ora mbutuhake pasangan.

Tembung "buku" nggunakake sandhangan suku ().

ꦧꦸꦢꦶ ꦩꦕꦄ ꦧꦸꦏꦸ

 

 

36.

 

 

 

W 

      Wacanen teks prosedur ing ngisor iki!

Cara nggawe es teh manis:
(1) Siapna teh, gula, lan banyu panas.
(2) Lebokna teh ing gelas banjur siram nganggo banyu panas.
(3) Tambahna gula lan aduk nganti larut.
(4) Enteni nganti adhem banjur lebokna es batu.
(5) Es teh manis siap diunjuk.
Tulisen urutan langkah-langkah nggawe es teh manis kanthi runtut! 

 

 

37.


Ayo padha nandur wit wiwit saiki. Wit bisa nggawe hawa dadi seger lan nyegah banjir. Yen lingkungan ijo, urip kita uga dadi luwih sehat lan nyaman.
Opo tujuan teks kasebut?

38.

Wacanen kutipan crita iki!

Malin Kundang ora ngakoni ibune amarga isin. Amarga tumindake sing ora becik, dheweke kena paukuman dadi watu. Apa amanat saka crita kasebut?

39.

      Wacanen tembang ing ngisor iki!

Wong urip kudu sabar,
Nglakoni kabeh kanthi ikhlas,
Supaya urip tentrem lan berkah.

Ubahno dadi prosa!

40.

      Gatekna ukara acak iki!

  1. Banjur Andi sinau kanthi sregep.
  2. Andi entuk nilai apik amarga sregep sinau.
  3. Andi kepengin dadi juara kelas.
  4. Dheweke nyusun jadwal sinau saben dina.

Urutna dadi narasi runtut!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Share:

0 Comments:

Posting Komentar

Total Tayangan Halaman

Arsip Blog

Labels

Blog Archive