"KEBUN BINATANG SURABAYA"
Kebun Binatang Surabaya yaiku papan wisata lan
papan pangreksaning kewan sing mapan ing kutha Surabaya, Jawa Timur. Kebun
binatang iki kalebu salah siji kebun binatang paling tuwa ing Indonesia amarga
wis diadegaké wiwit taun 1916. Ing Kebun Binatang Surabaya ana macem-macem jinise
kewan, kayata gajah, singa, macan, jerapah, buaya, manuk, lan isih akeh manèh.
Kewan-kewan kuwi dirumat lan diopeni kareben tetep sehat lan lestari. Saliyane dadi papan
rekreasi, Kebun Binatang Surabaya uga nduwèni fungsi minangka papan
pendhidhikan. Para pengunjung bisa sinau ngenani jinis-jinise
kewan, panggonan uripé kewan, lan cara njaga kelestarian alam.
Informasi
sing ora trep miturut isine wacan Kebun Binatang Surabaya yaiku …
A. Kebun Binatang Surabaya papan wisata ana ing kutha
Surabaya
B. Kebun Binatang
Surabaya diadegake sakwise taun 1916
C. Akeh jinis-jinise kewan sing ana ing kebun binatang
D. Kebun Binatang Surabaya nduweni fungsi minangka papan pendhidhikan
2.
Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki kanthi teliti, banjur wangsulana
pitakonan sing kasedhiya!
"Pasar
Beringharjo"
Pasar
Beringharjo iku pasar tradisional sing dumunung ing pusat Kota Yogyakarta.
Pasar iki wis misuwur wiwit jaman kolonial Belanda, lan dadi papan kanggo adol
macem-macem barang, kaya panganan, sandhangan, lan barang-barang kerajinan.
Pasar iki kerep banget rame, utamané ing dina-dina pasar utawa nalika musim
liburan. Salah siji barang sing misuwur ing pasar iki yaiku batik Yogyakarta
sing duwé desain khas.
Tegese tembung "dumunung" sing ana ing wacan yaiku ….
A.
cara
nggolek panggonan
B.
papan panggonan
C.
jenenge kutho
D.
jenenge wis kondhang